Yen sing pada genah ra ana,
ning yen golek crita sing "ora biasa" ana akeh.
Kaya sing wis dakposting, Hanamaru Youchien!
Cah TK (cewek) seneng karo gurune (lanang).
Rak ora biasa ta? Wong beda umure adoh banget!
Liyane ana Axis Power: Hetalia,
kuwi critane personifikasi negara2,
dadi negara2 kaya Italia, Jepang, lsp.
digambarke awujud menungsa.
Sayange animene wis mlebu US,
dadi kudu saba indowebster nggo golek sisen 1 & 2.
Menawa isih doyan kucing,
nontona Mayoi Neko Overrun.
Trus yen rumangsa kuat nonton crita aneh,
coba delengen Arakawa Under the Bridge.